1.( Part One )
Pak Bejo, wis rodok tuwek, nyetir montor dewekan liwat dalan tol Suroboyo-Nggempol. Tepak lagi nyetir, tilpun genggame muni. Bareng ditompo, tibake anake sing nelpon, suarane koyok wong kuatir.
Jare anake : "Pak, sing ati-ati pak. Aku krungu ndik radio, nang dalan tol sing jalur ngidul, onok montor siji sing mlaku ngalor nentang arus. Ati-ati nek tabrakan mbek wong iku lho pak. "Pak Bejo njawab, "Gak cumak montor siji nak, onok atusan sing nentang arus." Lho, tibak ' e bapak tah sing nentang arus ???…..!!!.
2.( Part two )
Enak-enak turu tengah wengi, anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen. "Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake. "Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek ngimpi" jare cak
Srondhol. Isuke onok interlokal ngabari lek Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati. Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi. "Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake. "Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi, age ndhang turuo maneh"jare cak Srondhol. Menene onok interlokal maneh lek ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan. Mari pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi. "Aku mimpi bapakku mati... " jare anake. "Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh" jare cak Srondhol. Mari anake turu maneh, genti cak Srondhol sing gak isok turu.Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku kate mati pikire. Isuke bojone cak Srondhol genti sing nangis berok-berok. "Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare cak Srondhol. "Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku mati...." Ealaaah … tibak ' e awakmu dadi gendak'an ne bakul bakwan lan iku hasil anak ' e hasil produksi kon ambe bakul bakwan iku tah ???…!!! .
3.( Part three )
Uwar ambek Joko koncoan apik, karo-karone kerjo ndhik Lanud Juanda bagian pengisian BBM Pesawat. Bengi-bengi pas udhan deres, Juanda sepi gak onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean. "Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Uwar. "Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu tah lek avtur iku isok diombe..?" jare Joko. "Yo tau se, jarene lek ngombe avtur isok mak busss !!... kon wani nyobak tah ?" Uwar mulai gunggungan. Mari ngono arek loro mbukak krane truk tanki avtur. Wis tuwuk ngombe arek loro iku mulih terus keturon. Isuke pas Uwar tangi, rasane awake sueger kuat. Moro-moro onok tilpun muni, tibake Joko sing nilpun. "Yok opo kon War..?" jare Joko. "Wah whuenak, kon yok opo ?" jare Uwar. "Awakku yo sueger pisan. Kon gak teler tah ?" jare Joko. "Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Mene nyobak maneh tah ?" jare Uwar. "Yo setuju, cumak aku kate takok, kon wis ngentut dhurung ?" takok Joko."Dhurung.." jare Uwar. "Wah gawat iki. Wis pokoke kon ojok sampek ngentut yo. Diempet ae sak kuatmu. ." jare Joko. "Lho opoko masalae ..?" Uwar bingung."Soale mari aku ngenthut aku langsung bablas ngante'k Banjarmasin lan saiki aku ndhok Banjarmasin.."
4.( Part Four )
Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhok tv, moro-moro bojone ngeriwuki. "Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po'o". "Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah...!!! " jare Sumar muring-muring. "Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhok jeding po'o cak, eman banyune amber-amber" takok bojone maneh. "Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah...!!! " jare Sumar ambek menteleng. "Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno pisan po'o cak..". "Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki PERTAMINA tah ..!!!" Sumar tambah mangkel. Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhok omah koncone. Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. Pas wisuh ndhik jeding banyune yo wis gak amber maneh. Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.
Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi. "Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhok ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngganteng teko. De'e takok opo'o kok
nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor,lengo gasku entek, bojoku purik. Lha de'e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... " bojone cerito. "Opo sarate ?" Sumar mulai curiga. "Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo turu karo de'e" jare bojone."Lha terus kon nggawekno roti opo..? " Sumar takok maneh. "Nggawekno roti ?!!!. Kon kiro aku iki Holland Bakery tah !!!..."Ealaaaah …, tibak'e bojoku di gendak uwong jancuuuuuuukkkkkk !!!!!.
Guangzhou Time
0 comments:
Post a Comment